Contoh Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa yang Menyentuh dan Memotivasi

Rifan Aditya | Putri Ayu Nanda
Contoh Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa yang Menyentuh dan Memotivasi
Ilustrasi Pidato - Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa (Freepik)

Setelah pelaksanaan sholat Id, maka akan diselenggarakan khutbah. Adapun khutbah Idul Fitri bisa disampaikan dalam berbagai bahasa, termasuk bahasa Jawa. Selengkapnya, berikut contoh khutbah Idul Fitri bahasa Jawa yang menyentuh.

Umat Islam dianjurkan untuk mendengarkan sekaligus menyimak khutbah Idul Fitri yang disampaikan oleh seorang khatib. Teks khutbah Idul Fitri bahasa Jawa yang menyentuh dapat dijadikan referensi dalam usai pelaksanaan sholat Idul Fitri 1446 H nanti.

Khutbah Idul Fitri bahasa Jawa ini sangay direkomendasikan untuk disampaikan pada masyarakat yang sehari-hari berkomunikasi menggunakan bahasa Jawa.

Lantas seperti apakah contoh khutbah Idul Fitri bahasa Jawa yang menyentuh? Simak contohnya berikut ini.

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa yang Menyentuh

Melansir NU Online berikut adalah contoh khutbah Idul Fitri bahasa Jawa yang menyentuh:

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَ هُ صَدَقَ وَعْدَ هُ وَ نَصَرَ عَبْدَ هُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَ هُ ، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ وَ لاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْن ، وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ وَلَوْ كَرِهَ اْلمُشْرِكُوْنَ وَلَوْ كَرِهَ اْلمُنَافِقُوْنَ ، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
 
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ، اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيْرًا بَصِيْرًا، تَبَارَكَ الَّذِيْ جَعَلَ فِي السَّمَاءِ بُرُوْجًا وَجَعَلَ فِيْهَا سِرَاجًا وَقَمَرًا مُنِيْرًا. أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وُرَسُولُهُ الَّذِيْ بَعَثَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا، وَدَاعِيَا إِلَى الْحَقِّ بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا مُنِيْرًا. اَللهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا لاَحَ هِلاَلٌ وَأَنْوَارٌ، وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
 
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا مَعَاشِرَ الْحَاضِرِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقُاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ  اللهَ قال فى القُرءانِ العَظيمِ وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَىٰ فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَىٰ وَاعْلَمُوْا أَيضاً أَنَّ  يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ  وَعِيْدٌ مُبَارَكٌ سَعِيْدٌ كَرِيْمٌ، أُحِلَّ لَكُمْ فِيْهِ الطَّعَامُ وَحُرِّمَ عَلَيْكُمْ فِيْهِ الصِّيَامُ

Jama’ah sholat Idul Fitri rahimakumullah
 
Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo kito dumateng Gusti Allah, amergi gesang kito mboten saget ucul saking perkawis ingkang dipun perintahaken lan dipun cegah Gusti Allah; tegese ingkang sifate perintah kedah dilampahi, lan cecegahan kedah dipun tebihi lan tilaraken.

Gusti Allah dawuh:

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا
 

Artosipun: Sopo wonge taqwo marang Gusti Allah, mongko Allah bakal ndadeaken urusane dadi gampang ​​​​​

Poro Jamaah Idul Fitri ingkang minulyo
 
Kedah kito mangertosi bilih dinten riyadin meniko setungggaling bentuk syiar Islam. Monggo kito bentengi lan jagi kerukunan soho kekompakane umat Islam kelawan makempal ing dinten riyadin meniko. Nopo malih zaman sakmeniko katah cubo lan tantangan kados kabar palsu, adu-adu, guneman olo wonten pundi kimawon ingkang saget nyebabaken persulayan lan perpecahan.

Pramilo, coro ingkang langkung sae damel njawab tantangan nggih meniko kelawan silaturahmi, ngeraketaken seduluran. Gusti Allah dawuh:

وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا

Artosipun: Lan cecekelano siro kabeh kelawan taline Gusti Allah (agomo), lan siro kabeh ojo podo pisah/ bubar (QS. Ali Imran: 103).

Sahabat Ibn Mas’ud nafsiraken “hablillah” tegese “jamaah utawi perkumpulan” kados dene Rasulullah nate dawuh wonten setunggale hadits ingkang diriwayataken saking Ahmad, Tabrani lan Baihaqy:

اَلْجَمَاعَةُ رَحْمَةٌ وَالْفُرْقَةُ عَذَابٌ
 
Artosipun: Perkumpulan (ingkang kompak) minongko rahmat lan pisah minongko adzab

اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ

Hadirin ingkang minulyo

Dalil-dalil ingkang kasebat maringi kito pengaweruh bilih Gusti Allah lan Rasulullah merintahaken dumateng kito sedoyo supados njagi kerukunan, kompak serto nebihi perkawis ingkang nyebabaken pisah, persulayan. Ananging lamun persulayan mboten saget dipun tebihi, mongko dipun saranaken pados titik persamaane, sanes persulayane. Kranten persulayan saget nyebabaken pisah antawisipun umat Islam.

Cita-cita kito sedoyo nggayuh rukun, guyub saget dipun wujudaken milai saking kito piyambak, lajeng dipun contohaken dumateng putro wayah, lan masyarakat. Sinaoso mekaten kito ampon rumongso putus asa, kranten ngawali perkawis ingkang sae kedah sabar, nindakaken akhlakul karimah lan telaten.
 
Wonten kitab Mu’jam Al-Kabir anggitanipun Imam Tabrani nyebutaken:

وروى الطبراني في «الكبير» عن ابن عمر عن النبي - ﷺ - قال: «خَيْرُ النّاسِ أحْسَنُهُم خُلُقًا

Artosipun: Saking Ibn Umar saking Kanjeng Nabi, panjenenganipun ngendiko: sak apik-apike menungso yoiku sing paling apik akhlake

اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ

Jama’ah sholat Idul Fitri rahimakumullah

Dinten ingkang katah keberkahan meniko ampon ngantos kito gunaaken pamer babakan dunyo, sehinggo nyebabaken tiyang lintu minder lan iri. Kranten sejatine riyadin niku sanes enggale ageman utawi pakaian, ananging raos takwo dumateng Gusti Allah ingkang soyo tambah.
 
Monggo kito dadosaken riyadin meniko momentum wangsule kito sedoyo dados resik lan suci saking perkawis ingkang kotor. Ugi wonten riyadin meniko kito ginaaken silaturahim, sowan dateng tiyang sepah, sederek, tetanggi kagem nyuwun agenge pangeksami, nyuwun ngapuro kaliyan lintune. Mugi-mugi Gusti Allah maringi kito sedoyo kanugrahan, pengapuro lan ndadosi kito sedoyo seduluran ingkang mbarokahi dunyawi ukhrawi. Amin ya rabbal ‘alamin.

أَعُوْذُ بِا للهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. وَالْعَصْرِ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ  إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
باَ رَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ .إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ

Demikian contoh khutbah Idul Fitri bahasa Jawa yang menyentuh yang dapat menjadi referensi. Semoga ibadah sholat Id kita berjalan lancar!

Kontributor : Putri Ayu Nanda Sari

Tulisan ini merupakan kiriman dari member Yoursay. Isi dan foto artikel ini sepenuhnya merupakan tanggung jawab pengirim.

Tampilkan lebih banyak